Wit waru tua alon ngobahke godhong-godhonge kang awangun jantung, wangun kang memper godhong dadap. Godhong kang asring ngedhemake sumere bocah.
Ah, wangun kang padha nanging beda. Siji alus sijine ora. Cupete nalar manungsa kang dadekake beda. Nalika kabeh samubarang tansah kaukur dening mata dudu wening pangrasa.
Weruh tangismu, Manggali, aku kelingan marang pitakonmu kang uga kairing tangis nalika iku.
"Mbok, apa dadi prawan tua iku merga supata para dewa?"
Pitakonan kang aku ora pengin mangsuli. Pitakonan kang banget nujum ati, ninggal tatu jeru lan nanah kusumat.
Mula sore iku kowe takjak nyawang candhikala, kang mbranang ing pucuk-pucuk langit sisih kulon. Kaya ngono atiku nalika kuwi.
Manggali, apa kowe ora krasa menawa urip kuwi kebak supata?
Lair ana ndonya wae wis minangka supata. Ora ana rembug lan pitakonan sakdurunge. Ora ana pitakonan kanggo milih dadi paraga becik apa ala.
Mung jerit sora kang kawetu, amarga kaget nyesep ruwet hawa ndonya. Jerit minangka grundelan kang tansah mbengung lan tan kendhat ngubengi jangkah urip.
Apamaneh nalika kinodrat dadi wanodya, supata tan kinira. Ndonya cinipta kanggo priya, nganggo pranatan priya minangka busana. Ala-becike wanodya uga gumandhul marang priya, ana pangucape lan isi bathuke.
Wanodya mung rerenggan kanggo jangkep-jangkepan, tan bedha kaya griya (omah), turangga (jaran), curiga (keris) lan kukila (manuk).
Manggali, tak kira kowe wis tau krungu menawa wanodya cinipta saka balung priya kang musna?
Crita ngayawara kang digawa maruta (angin), kasebar rata ngebaki donya. Kabeh ngerthi saka sapa kawitane crita, nadyan ora kawuwus. Panduga kang tua lan sumebar rata.
Kang dadekake wanodya wanodya ora bakal bisa sababag karo priya. Ala-becike priya tansah sinawang becik, sinawang saka gegana, kaendrane para dewa.
Manggali, apa kowe isih kelingan nalika takajak nyawang langit lan mega?
Dewa-dewa kae uga priya. Widodari kang ana sisihe mung rerenggan, jangkepan, kang bisa dadi bebana kanggo jago dewa.
Kang asring uga kapamerake kaendahane. Kabar kang sumebar crita menawa saya suci, cahya widodari saya mblerengi, pindha ratna. Tansaya aji lan peni meningka rerenggan. Mula kuwi para widodari kudu ngempit rapet kasucen, kajunjung dhuwur ana sadhuwure mustaka (sirah).
Kasucen kang luwih aji tinimbang nyawa.
Takkira kowe isih kelingan marang lelakone Kunthi kang dolanan Aji Adityahredaya peparinge Begawan Druwasa. Amarga pokal cuthake Dewa Surya,
Kunthi kapeksa nglairake liwat talinga (kuping). Ora mandeg tekan semono, Kunthi uga kudu pisah lan nglarung sang atmaja menyang narmada (kali).
Lelakone Windradi tan beda, amarga pokale Dewa Surya, widodari ayu kuwi sinabda kang garwa dadi tugu sinukerta.
Bethari Uma mangkono uga.
Amarga gedhene rasa tresna marang Bethara Guru nganthi lali ora njunjung dhuwur kasucene ana dhuwur mustaka, katinggalake ing pinggir kali. Uma njur sinabda dadi Hyang Permani Durga, ratu dhemit kang ala ing rupa kanggo nebus dosa kang ora sepira.
Wondene Dewa Surya ora nampa paukuman nadyan pokale ala. Bethara Guru dhewe, apa lali marang kamane kang kaecer-ecer tanpa ngerthi empan-papan njur dadi kama salah? Lali marang Bathara Kala, Anoman?
Amarga kanggone pranatan priya mung wanodya kang nggawe isin lan nistha. Wanodya tansah kapidara dan kapidana wiwit jaman kuna. Mula aku nyembah Durga, widodari kang kaaniaya. Wanodya kang nebus dosa ora sepira.
Manggali, anakku cah ayu.
Pranatan edan para Dewa katurunanke menyang donya liwat keluk padupan ana candi-candi. Liwat impene para raja lan pandhita. Kang njur kacakna dadi paugeran kang njiret wanodya, kaya dene rapete panjirete jarit ana angga lan dadegake sesegke dada lan laku dadi rekasa.
Suwara sora lan sewu tumbak bakal metu saka mripat-mripat paugeran menawa ana wanodya dadi randa utawa prawan tuwa. Nanging mripat-mripat bakal merem lan mingkem nalika lelakon kang pada tumiba marang anggane priya.
Manggali, ana dosa kang kinandhut raga wanodya.
Dosa apa supata, kang asale ora cetha. Maruta kang ngganda menehi crita menawa wanodya nggawa nirwana. Crita ngayuwara kanggo nurokake wanodya, ngerem-erem mata saupaya ora takon rena-rena.
Nyatane kawah candradimuka isine saperangan gedhe wanodya, sakabehe mala sinebut saka pokale wanodya. Wanodya kang jarene nggarahi dredah, perang negara. Wanodya kang jae nabur wisa ana wengi kang atis, menyang tlapukan-tlapukan mata supaya priya laku dosa.
Apa dudu kuwi kang aran wujud supata dewa marang anggane wanodya?
Manggali, bocah ayu kadya candra.
Priya nyebut dhewe minangka dahana (geni), wanodya mung sinebut bantala (lemah). Dahana tansah madangi donya, oleh miyar-miyur kagondhol samirana (angin). Miyar-miyur saka paugerane para Dewa.
Suwalike bantala tansah kapidhak tan oleh sesambat, kudu sidhem nrima panandhang kang tan kira abote. Apa kuwi dudu supata?
Nanging Dewa-Dewa kae lali, ana magma kang kinandhut dening bantala, kang kaping sasra luwih panas tinimbang dahana. Kang ngandhut wisa lan bisa ngejur paugeran-paugeran Dewa.
Manggali, apa kliru nalika aku muntah magma ngejur pranatan-pranatan edan gaweane para priya? Apa kleru menawa aku blaka? Apa kleru?
Blaka marang Durga kang kinupeng keluk dupa, marang Lendi, Larung, Gandi, Weksirsa lan Mahesa Wadana. Marang peteng wengi lan para ama ana pesarean-pesarean tuwa. Blakake ati kang ketaton, mbalakake supata Dewa kang sinandang raga.
Manggali, Erlangga uga dudu titis dewa kang utama.
Erlangga titisane Kresna, kang durung bisa munggah nirwana, kudu nitis kaping pithu ana donya amarga laku culika. Apa kowe isih kelingan patine Drona? Marang patine Duryudana, Jayadrata? Sepisan maneh pranatan-pranatan merem lan mingkem, ora kumecap, ora wuwus. Kaslimurake dening pedhut.
Manggali, aku milih dadi wanodya kang mawa wisa, ana ula ing angga (awak). Ula kang metu saka tatu-tatu ana teleng nala (ati). Ula kang cinipta saka nanah-nanah kang kaya magma.
Kowe bisa weruh ama-mala ngambang ana hawa, nyebar wisa lan memala. Mbungkem nyinyir pranatan priya. Kowe uga bisa deleng nyawa-nyawa kang ngoncati raga, mesat ngangkasa pindha cahya. Ngrenggani peteng langit kanthi werna.
Kumelun dupa kang kaatur pandhita-pandhita priya ora tumama. Cabar sakabehe mantra, merga ana wanodya kang ngandhut supata.
Teka priya jatmika, aran Bahula. Bungahmu tan kira nalika semana.
Manggali, apa kowe ngerthi swara nala (ati) wadon tuwa? Bebisik menawa lelakanmu bakal pindha Banowati kang mbela katresnane ing Kurusetra.
Nanging aku ora ngeli swara nala, ora ngrungokake swara kang banget bisa kapercaya. Aku mung pengen weruh kowe mulya.
Raga tuwa kang luwih abot marang atmaja (anak) tinimbang nyawa. Aku ora maelu umpama kowe ora duwe pangrasa kang pada. Mbesuk kowe uga bakal krasa nalika dadi wong tuwa.
Mula aku ora menggak nalika kowe lan Bahula ngrakit bale wisma. Sanegara suka parisuka. Nanging aku ngerti ana dahan kang ora musna.
Manggali, bebisik nala dumadi.
Bahula nyidra kitab pusaka. Keluk dupa nggubel candi Durga. Aku blaka marang Durga. Marang Lendi, Larung, Gandi, Weksirsa, Mahesa Wardana.
Mung merga ngeman marang kamulyanmu, aku ora nganthi ngoncatake nyawa Bahula. Ngeman marang kowe, ngeman banyu kang tumetes saka mata.
Manggali, kowe uga weruh tekane Baradah, pendeta tuwa saka Wurara.
Pendeta suci kang kapatah dening Erlangga nyirnakake wanodya tuwa. Kanthi kairing Weksirsa lan Mahesa Wadana mapag aku ana paseran tuwa.
Kadya sasra (sewu) dewa tumurun, Baradah mawa cahya. Dahana kang ora musna, ora bakal musna dening wisaku.
Manggali, taknistakake raga tuwaku. Aku ngemis-ngemis njaluk karuwat nganthi ngambung bantala. Nanging ukara apa kang kawetu saka Baradah?
"Ora bisa! Amarga kowe ngembol dosa tan kira!"
Aku muntab. Sanalika aku menyat, ngadeg jejeg. Manter taksawang Baradah, pendita suci kang laku culika. Pendeta guru Bahula. Aku jerit sora.
"Ora amarga aku ngembol dosa nanging amarga aku wanodya!"
Weksirsa lan Mahesa Wadana bisa karuwat amarga priya.
Taktokake rasa nala, kasuntak wisa, ama lan magma ana teleng (njero) raga. Nadyan aku ngerti menawa kabeh kuwi tanpiguna, amarga wewadi wis kawaca.
Dahana kuwi tan musna. Aku ora maelu terus nglawan nganthi Yang Yamadipati teka njabel nyawa. Nglawan minangka wanodya kang kapilara dening para Dewa.
![]() |
Gadis 1, Tarakan 2016 |
Tidak ada komentar:
Posting Komentar